B. Daerah

Pertanyaan

pidhato ing basa jawa uga disebut

1 Jawaban

  • Pidhato ing basa Jawa uga disebut Sesorah

    Pembahasan :

    Pidhato utawa sesorah yaiku ngandharake gagasan utawa sawijining bab kanthi lisan marang wong akeh

    Strukture pidhato yaiku :

    • Pembuka kang isine salam, panyapa, lan syukur
    • Isi yaiku ngemot bab penting kang diandharake
    • Panutup, isine dudutan, saran, panuwun, lan salam panutup

    Tujuane pidhato yaiku ngandharake sawene bab supaya bisa ditampa wong kang ngrungokake kanthi jelas

    Miturut tujuane pidhato kaperang dadi 3, yaiku :

    • Menehi hiburan, biasane pidhato iki ditindakake ana ing acara hiburan, tujuane gawe seneng lan sumringah
    • Menehi kawruh, pidhato iki isine nerangake bab kanthi jelas
    • Pangajak ajak, biasane pidhato iki digunakake kanggo ngajak wong sing ngrungokake supaya tumindak pada karo sing dikarepake

    Pelajari lebih lanjut >>

    Materi contoh pidato

    https://brainly.co.id/tugas/13966322

    Materi pidato

    https://brainly.co.id/tugas/39276513

    Materi sesorah

    https://brainly.co.id/tugas/38121767

    ==========================================================

    Detail Jawaban :

    Kelas : IX

    Mapel : Bahasa Daerah - Bahasa Jawa

    Materi : Pidhato

    Kode soal : 13

    Kata kunci : Pidhato, sesorah

    #AyoBelajar

Pertanyaan Lainnya